Nasib, nasib. Maksud hati datang pagi-pagi ke sini biar ketemu konco-konco, lah kok ternyata sudah sepi. Orang-orang pada ke mana to? Wiji, Nita, Mas Mantri, Ndoro Bei? Tumben mereka ndak nongkrong trus ngerumpi di sini. Padahal aku pengen dengerin crito-crito je. Aku pengen ngobrol mbek konco-konco.
Yen ndak onok sopo-sopo ngene, aku kan kesepian, atiku ngungun. Apa maneuh aku wis suwe ndak kepayon. Ndak ada kliyen, ndak ada konco. Duwit gak ono. Konco ilang. Ajur, ajur …
Pancen saiki wis meh taun baru. Mendekati musim presi suwe. Opo konco-konco yo wis prei yo? Terus podo mudik ning ndesane dewe-dewe? Lah kok aku ditinggal. Aku durung iso muleh amergo durung kepayon. Duwitku durung cukup kanggo muleh, tilik anak, simbok, lan bapak ning Tayu.
Ning yen tak pikir-pikir, jan-jane aku ki bejo lo. Aku rumongso bejo amergo isih diparingi kesehatan. Masih bisa jalan-jalan. Masih bisa terima kliyen. Coba yen nasibku koyok Mbak Alda penyanyi top, kancane Nita, kae. Apa ya ndak ngenes. Lah wong wedok ayu, kaya, ngetop, pergaulane kelas elit, kok carane mati koyok ngono?
Dek mbiyen kae, aku sempet nonton tipi ning hotel karo kliyenku. Aku liat ono gambare Mbak Alda. Aduh mesake tenan. Ngenes. Awake biru-biru. Bengkak. Terus akeh bekas jarum suntik. Aku mikir, kok iso koyok ngono to? Apa ndak eman-eman gitu lo?
Aku yo krungu penyiar tipi crito, ibune Mbak Alda juga ditangkep pak pulisi karena jarene menipu. Embuh piye carane ngapusi. Pokoke ono hubungane karo mobil lan utang piutang. Lah kok persualan numpuk-numpuk to? Wis ditinggal anake, eh malah urusan karo pak pulisi. Jan, eman tenan.
Aku dadi mikir, opo uripe mereka poro artis itu abot banget yo, nganti ndak iso diatasi lewat cara normal? Kenapa harus pakai obat-obatan, nyuntik, lan sapanunggalane. Apa mereka kuwi begitu cupet pikire, ndak bisa melihat cahaya di ujung lorong, sampai harus melarikan diri dari kenyataan? Oalah, artis, artis …
Yen wis ngene, aku rumongso beruntung isih diparingi urip karo Gusti Allah …