yu, nopo kowe kok ndremimil dewe? ayo kene nggosip! soal alda to? iyo yu, artis-artis rasane pancen uripe rumit yo? padahal kurang opo jal? duit turah-turah. karepe opo yo mesti keturutan. jan jan.
tapi yo kuwi mungkin sing diarani wong-wong tuwo yen menungso urip ki sawang sinawang. rumput tetangga selalu lebih hijau. iyo rak yu? mungkin mergo iku, banyak orang yang mengingini rumput yang lebih hijau bersedia mengorbankan banyak. duh.
kadang nganti lali kabeh pilihan iku rak nduwe konsekuensi dewe-dewe. yen ngerti konsekuensine wis pasti pas milih yo ati-ati, dipikir tenanan. ra kesusu njur kesikut. yo yen cuman salah gawul terus bisa memperbaiki diri, lha yen wis salah kedaden koyok mbak alda kuwi? waduh waduh.
ndak yo yen ora edan ra keduman yo yu?
16 Desember 2006 at 21:57:08
Begja-begjane kang lali, luwih begja kang duit turah-turah lan rumpute luwih ijo. Ngaten mbak?
16 Desember 2006 at 23:37:52
*peluk nita* … aduh …
23 Desember 2006 at 17:43:56
weh….
“yen keduman njur do tambah edian!!!!”
ediaaannnnnn. cuk.
12 Januari 2007 at 11:07:17
yen durung keduman biasane janene manis… yen wis keduman lali karo asale,,, malah kadang rumngso bener…. lan ,,,,,