wooo ndakik ancene sampeyan kuwi yu. jok mikiri kepentingan diri sendiri! pete tenan!
ngene yo yu, aku yo setuju kok karo poligami. lha keinginan seorang suami untuk berpoligami itu harusnya kan bisa dipake ahlesan meningkatkan posisi tawar istri pertama. opo kuwi istilahe wong-wong pinter.. bergeneng power! sebagai sesama wanita aku setuju!
lho kok malah takok piye kok isok dienggo meningkatkan posisi tawar istri tuwo? yo gampang to! kalo suami minta ijin arep rabi meneh, silaken didaptar njaluk opo-opo wae sak durunge nggedok SIM L, surat ijin menikah lagi. njaluk tukokno ini itu misale, njaluk warisan ini itu, akehlah. yen ra iso memenuhi syarat kuwi yo ndak usah kasi ijin! rojer yu?
eh yuuu, ehmmm, yuuu, aku kan wis setuju, mbok aku diutangin seket ewu.
7 Desember 2006 at 21:57:49
lho.. .sim l ki dudu sim sing kudu golek neng suroboyo yo…
7 Desember 2006 at 23:10:44
wooo … trembelane. utang maning, utang maning. lah honor lehmu menyanyi ki entek kanggo opo to, nit? rumangsaku ki bayaranmu yo akeh…lah kok abis terus? buat traktir wiji yo? huh, lah kok nyimut …