Desember 2006


Mbuh itu sapa yang masang, wong saya juga baru liat kok. Cebok kok pake kertas, kok gak pake godong saja kalo ndak ada air. Kertas itu ya buat nulis. Kapan kita bisa pinter kalo kertas buat nulis, nyatet, sekolah, malah dipake buat cebok. Pertanda opo toh iki Yu?

Ini mesti ada upaya-upaya untuk mencegah kita-kita ngumpul di sini, upaya pembungkaman iki kalo pake bahasanya koran-koran itu. Air sengaja tidak dialirkan ke mari. Caranya sangat jaman biyen tenan, jaman dulu. Upaya memecah belah kerukunan antar warga, sehingga kita mudah ditunggangi. Jaran po kita ini? kok ditunggangi.

Wis, harus protes. Eh … kalo protes soal ini harus ke mana to? ngadu ke DPR, lha DPR itu rak ngurusi rakyat, segala macem itu mesti urusannya, repot, lama. Oooo…ngadu ke DPC saja, itu kan mestinya singkatan dari Dewan Peturasan dan Cebok. Mesti lebih kena sasaran kalo kita ke sana.

Ada yang tau tempatnya DPC?

Trembelane, iki sopo sing pasang pengumuman???? Ayo ngaku …. Hwasyuuu tenan!

Weee Yu Dar sama Mbak Nita sudah nongol lagi. Kemana saja sih kalian itu? Tiap hari saya ndodok sendiri di sini. Akeh tarikan ya Yu? Lagi banyak tanggapan ya Mbak Nit? Lagi ngomongin apa toh? Oooo artis itu ya yang beritanya banyak di koran? Wah mbuh Yu, Mbak, saya ya ndak mudeng kalo soal begitu.

Saya jadi mikir habis baca berita begitu, apa iya nanti kalau saya sudah tersohor juga bisa jadi kayak begitu? Katanya Mbak artis itu orangnya baik lho, lha kok akhirnya mengenaskan begitu. Tadi itu beritanya katanya dia mungkin dibunuh. Kok medeni toh, pake acara mateni wong ayu ngono.

Tapi yang bikin saya ora mudeng blas ki kok yang ngomong dugaan begitu ya dokter. Boleh apa ya dokter bilang-bilang begitu? Setahuku itu kalo dokter ya bagiannya periksa-periksa gitu, ndak pake acara pengumuman ke mana-mana. Tapi mungkin aturannya sudah ganti ya.

Wis lah Mbak Nit, kita ini sebagai sesama pengabdi seni ya paling bisanya berdoa toh, semoga ndak ada lagi kejadian begini. Nyanyi sing penak, njoget sing apik, menghibur wong akeh biar orang-orang itu gembira, lha rak ngono. Walaupun kita ini hidupnya ya susah juga, tapi jangan sampe itu kelihatan sama yang nanggap kita ini. Rak ngono to Yu Dar? apa iya situ bakal laku kalo lagi nyari kliyen rupane kemrungsung, mesti senyum-senyum toh. Kesusahan tidak boleh kelihatan.

yu, nopo kowe kok ndremimil dewe? ayo kene nggosip! soal alda to? iyo yu, artis-artis rasane pancen uripe rumit yo? padahal kurang opo jal? duit turah-turah. karepe opo yo mesti keturutan. jan jan.

tapi yo kuwi mungkin sing diarani wong-wong tuwo yen menungso urip ki sawang sinawang.
rumput tetangga selalu lebih hijau. iyo rak yu? mungkin mergo iku, banyak orang yang mengingini rumput yang lebih hijau bersedia mengorbankan banyak. duh.

kadang nganti lali kabeh pilihan iku rak nduwe konsekuensi dewe-dewe. yen ngerti konsekuensine wis pasti pas milih yo ati-ati, dipikir tenanan. ra kesusu njur kesikut. yo yen cuman salah gawul terus bisa memperbaiki diri, lha yen wis salah kedaden koyok mbak alda kuwi? waduh waduh.

ndak yo yen ora edan ra keduman yo yu?

Nasib, nasib. Maksud hati datang pagi-pagi ke sini biar ketemu konco-konco, lah kok ternyata sudah sepi. Orang-orang pada ke mana to? Wiji, Nita, Mas Mantri, Ndoro Bei? Tumben mereka ndak nongkrong trus ngerumpi di sini. Padahal aku pengen dengerin crito-crito je. Aku pengen ngobrol mbek konco-konco.

Yen ndak onok sopo-sopo ngene, aku kan kesepian, atiku ngungun. Apa maneuh aku wis suwe ndak kepayon. Ndak ada kliyen, ndak ada konco. Duwit gak ono. Konco ilang. Ajur, ajur …

Pancen saiki wis meh taun baru. Mendekati musim presi suwe. Opo konco-konco yo wis prei yo? Terus podo mudik ning ndesane dewe-dewe? Lah kok aku ditinggal. Aku durung iso muleh amergo durung kepayon. Duwitku durung cukup kanggo muleh, tilik anak, simbok, lan bapak ning Tayu.

Ning yen tak pikir-pikir, jan-jane aku ki bejo lo. Aku rumongso bejo amergo isih diparingi kesehatan. Masih bisa jalan-jalan. Masih bisa terima kliyen. Coba yen nasibku koyok Mbak Alda penyanyi top, kancane Nita, kae. Apa ya ndak ngenes. Lah wong wedok ayu, kaya, ngetop, pergaulane kelas elit, kok carane mati koyok ngono?

Dek mbiyen kae, aku sempet nonton tipi ning hotel karo kliyenku. Aku liat ono gambare Mbak Alda. Aduh mesake tenan. Ngenes. Awake biru-biru. Bengkak. Terus akeh bekas jarum suntik. Aku mikir, kok iso koyok ngono to? Apa ndak eman-eman gitu lo?

Aku yo krungu penyiar tipi crito, ibune Mbak Alda juga ditangkep pak pulisi karena jarene menipu. Embuh piye carane ngapusi. Pokoke ono hubungane karo mobil lan utang piutang. Lah kok persualan numpuk-numpuk to? Wis ditinggal anake, eh malah urusan karo pak pulisi. Jan, eman tenan.

Aku dadi mikir, opo uripe mereka poro artis itu abot banget yo, nganti ndak iso diatasi lewat cara normal? Kenapa harus pakai obat-obatan, nyuntik, lan sapanunggalane. Apa mereka kuwi begitu cupet pikire, ndak bisa melihat cahaya di ujung lorong, sampai harus melarikan diri dari kenyataan? Oalah, artis, artis …

Yen wis ngene, aku rumongso beruntung isih diparingi urip karo Gusti Allah …

Halaman Berikutnya »